Tresnoku Marang Sliramu
Krasa perih nalika nyawang netramu
Ana rasa sing tulus, nanging kehalang wektu
Garis pepesthen wis gawe crito sing bedo
Mung iso nyawang, ora iso nyanding slira
Aku ngerti, tangan iki ora bakal iso nggandheng
Langkahmu lan langkahku wis ra sapanunggalan
Nanging rasa ing ati ora bakal dadi peteng
Jenengmu tetep tak ugo dadi kembange angen-angen
Tresnoku marang sliramu iku dudu ukara kepeksa
Senajan raga iki ora bakal bisa ngrasa
Sliramu tetep dadi bagean sing paling endah
Ing njeron donga, jenengmu ora bakal owah
Ikhlas... senajan abot tak lakoni
Nresnani sliramu ora kudu nduweni
Saklawase rasa iki bakal tetep dadi siji
Kadhung jeru ing ati, ra bakal ilang nganti mati

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Tolong kasih komentar ya ?