GUSTI ALLOH SENG NENTOKNO
Saben esuk jangkah sikil diwiwiti
Ngoyak impen lan reroncen donga ing ati
Kringet tumetes, raga ngrasakne sayah
Golek upo, ngupoyo urip sing berkah
Menungso mung iso ngrancang lan ngreko
Muter utek, ngetokne kabeh doyo linuwih
Nanging asring dalan urip ora podo
Gela lan kuciwa ngebaki dodo sing perih
Nanging elinga, kabeh kuwi dudu pungkasan
Urip iki dudu mung babagan menang lan kalah
Ana tangan sing kuwasa, ngatur jagad lan kahanan
Kang paring pepadhang ing pepetenge jangkah
Pasrahno kabeh lara lan kuciwamu
Gusti Alloh seng nentokno pungkasan ceritamu
Pilihan-Ne ora bakal salah, ora bakal kleru
Mesti endah ing wektu sing wis tinentu

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Tolong kasih komentar ya ?