Meski Adoh Rogo Namung Atiku Tetep Cedak
Jarak lan wektu dadi sekat ing raga
Misahne jangkah, nguji kuate rasa
Sliramu ing kono, aku neng kene
Mung iso nyawang liwat sepi ing wengi sing seje
Nanging, amba samudera ora bakal dadi pambeng
Mripat iki pancen ora iso nyawang langsung
Nanging rasa tresna iki ora bakal dadi ambyar
Mung siji jenengmu sing gawe ati dadi padhang
Rogo oleh adoh, nanging rasa ora kena pisah
Saben angin sumilir, tak titipne tresna sing bungah
Sliramu tetep dadi detak ing njeron dodo
Ora bakal luntur, senajan adoh dadi kahanan utama
Cukupen kangenmu liwat donga sing tak puji
Mergo neng kene, atiku tetep cedak lan dadi siji
Ngenteni wektu sing endah bakal nemokake
Rogo lan ati, nyawiji saklawase

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Tolong kasih komentar ya ?